Selasa, 13 Januari 2009

'MAMPIR NGOMBE"

Dening Soedjarwo
URIP iku paribasane mung mampir ngombe. Lire, urip ana alam donya iku ora suwe. Sanajan saiki wis tuwa, nanging isih bisa ngeling-eling nalika isih bocah biyen. Yen kelingan nalika isih sekolah biyen, kaya-kaya durung suwe. Bocah-bocah sing biyen isih cilik saiki wis padha dadi wong tuwa.
Rasa-rumangsa lan kekarepan iku kaya-kaya isih kaya dhek enom biyen, nanging nyatane kesehatan lan kebugaran ragane wis mlorot. Rambut wis padha putih, untuk wis akeh sing ompong, pipi kempot lan kulit kisut-kisut. Daya pangeling-eling (daya ingat) wis suda, barang utawa jeneng sing dikarepake cetha, nanging nggoleki tembung utawa jenenge angel.


Umur sewidak iku kena diarani wis tuwa, malah ana sing durung tekan umur sewidak wis kapundhut. Pancen ya isih keh sing umure nganti pitung puluh utawa wolung puluh, malah nganti sangang puluh; nanging sing ganti wolung puluh lan sangang puluh kuwi ya arang-arang. Urip donya iku mung sedhela, saya yen katandhing karo umuring sejarah, luwih-luwih umuring jagat raya.
Banjur apa kang kineker ing tetembungan mau? Lire, yen wis nyadhari menawa urip iku mung sedhela, banjur kepriye manungsa iku olehe nglakoni uripe? Rehne mung mampir ngombe, apa banjur ngombe saakeh-akehe? Rehne mung sedhela apa banjur kanggo seneng-seneng lan ngumbar hawanepsune?
Tetembungan urip mung mampir ngombe iku ngemu pepeling supaya manungsa iku ora banget-banget olehe ngegung-egungake prekara kadonyan. Manungsa perlu nggawe wates utawa ‘’membuat jarak’’ ing antarane dhirine karo perkara kadonyan. Manungsa aja mung tansah kagubel bab kadonyan, amarga bandha donya sing wis diklumpukake iku ora bakal digawa menawa manungsa bali menyang alam kelanggengan. Perlu uga diluru apa sing bisa kanggo sangu yen sawayah-wayah ditimbali dening Sing Gawe Urip.
Urip sing mung sedhela mau perlu ditindakake utawa dilakoni kanthi becik sing tundhone murakabi tumrap bebrayan lan awake dhewe. Urip kang mung sedhela iku perlu ditanjakake kanthi premati, aja nganti kentekan wektu utawa ora kober nindakake kuwajibaning urip. Kabeh mau ora ateges menawa urip iku kudu ngungkurake kadonyan, nanging saora-orane aja ulap marang gebyaring kadonyan. Manungsa kudu bisa ngendhaleni kekarepan lan hawanepsune supaya ora kejegur ing tindak nistha awit kagodha gebyaring donya.
Donga tumrape wong mati iku awujud panyuwun muga-muga amale nalika ana ngalam donya bisa ditampa lan oleh ganjaran kang samurwat, sarta dosa-dosane oleh pangapura.
(sumber: Harian Suara Merdeka

1 komentar:

Louis mengatakan...

Nice post